Sabtu, 27 Agustus 2016

DEMAM MUKIDI - KUMPULAN CERITA MUKIDI 3

CERITA MUKIDI SETELAH MATI....😀
Suatu malam arwah mukidi datang kerumah menemui istrinya Markonah:
Mukidi : TOK TOK T;OK…
Istri : siapa diluar?
Mukidi : nih suami mu.
Istri : kok balik lagi kan udah mati.
Mukidi. : aku mau bicara.
Istri : ga ah takut kan udah mati.
Mukidi : serius ini penting.
Istri : kalo udah mati, mati aja jangan ganggu aku lagi.
Mukidi : aku mau bicara biarpun cuma 1 menit .
Istri : (sambil buka pintu) mau bilang apa sih ?
Mukidi : CIYE CIYE CIYE JANDA NI’YEE…
ISTRI : DASAR SETAN GILA!!,,,,,😀😜

JANGAN MUKIDI MELULU AH.
Ganti Sule dan Andre. Sule dan Andre pergi ke apotek.
"Lu aja yang masuk, gua nungguin di luar aja," kata Sule.
"Ya udah, tapi jangan lu tinggalin gua ya," jawab Andre.
"Iye, buruan sono, nanti keburu tutup."
Keluar dari apotek, Andre berbisik, "Sule, lu tau gak? Penjaga apoteknya gak pakai BH."
"Ah, serius lo?"
"Ya iyalah, masa ya iya dong. Salah sendri tadi ga ikutan masuk."
"Wuih, tadi lu ajakin kenalan, gak?"
"Otomatis, donk. Foto bareng, malah."
"Asyik bener lu ya? Namanya siapa?"
"Namanya Mukidi."

SILSILAH MUKIDI
1. Moekino kawin dengan Moekinem. Punya 5 anak, salahsatunya: Moekidjo.
2. Moekidjo kawin dengan Moekirah. Punya 4 anak salahsatunya: Moekibat.
3. Moekibat kawin dengan Moekinah. Punya 5 anak salahsatunya: Moekiro.
4. Moekiro kawin dengan Moekiyah. Punya anak 5 salahsatunya Mukirun. (Mukirun = sudah berlaku ejaan baru).
5. Mukirun kawin dengan Mukiatun. Punya anak 3 yang ragil bernama MUKIDI
sumber  arsip Desa Ngèpèk, Kelurahan Semakèn, Kecamatan Benjèng ex Kademangan Awar-Awar, Kabupaten Wonogiri)
Jelas ya...

MUKIDI DATANG KE GIIAS
(pameran mobil) kemarin dan ngobrol sama SPG nya
SPG.       : Mas mau nyubit gak ?
Mukidi    : Mau dong
SPG.       : 15 juta Mas
Mukidi    : Hah, nyubit doang 15 jt..??
SPG.       : New Beat... Mas, New Beat... Hondaaa..😡

DARIPADA MIKIRIN MUKIDI terus, mending nyanyi aja ahhhh...
🎼 "Bengawaaaan Soloooo, riwayat muuu kidiiii...." 🎶🎸

DEBT COLLECTOR........
Mbah Mukidi 54th, wonge ndableg, mokong, jago tukaran, wani tok pokok'e, gak nduwe wedi, akale akeh, masiyo nek pas lagi konslet ngono iku koplake yo gak onok sing ngalahno.
Sak'iki mbah Mukidi oleh orderan dadi Debt Collector alias tukang nagih utang.
Biasane wong sing nduwe utang, pas wayahe mbayar, nek ditagih mesti mbulet ae koyok welut lunyune.
Mbah Mukidi tugas nagih utang wong jenenge Kadir.
Sak durunge ditekani debt collector, sing jenenge Kadir wis pesen karo Inem bojone :
"Mah,,,! engkok nek onok uwong sing nggoleki aku, warahen nek aku gak onok ngono ae yo.., aku tak ndelik ndik kamar ae !" jarene
Inem: "Okey, Pah,,,!"
Maringono mbah Mukidi teko temen nang omahe Kadir.
Mbah Mukidi :  "Permisiii... !, Sepurone neng !, cak Kadir onok tah ?".
Inem : "Nggak onok he mbah, wonge metu iki mau emboh nang endhi,,,?!" jarene.
Mbah Mukidi : "Sampean gak ngerti tah nek cak Kadir nduwe utang  100 juta repes....?!".
Inem: "Nggak...!"
Mbah Mukidi : "Neng kiro-kiro sampean iso nggak yo mbayari utange cak Kadir ?".
Inem: "Nggak!"
Mbah Mukidi : "Gak ngonone lho neng, kaet mau kok jawabane sampean kok "nggak" "nggak" tok ae seh ?.. sampean opo lagi stress tah?".
Inem: "Nggak,,,!"
Mbah Mukidi gedeg gedeg karo ngguyu.
Mbah Mukidi : "Neng, sampean nek tak delok delok asline iku manis cantik alias "macan" lho ?, Pawakane langsing, singset, aduhai !.........Wajah yo ketok sumringah seger, bedo adoh luwih enom dibandingno karo umur asline !,
Umpomo nek sampean tak lamar dadi bojoku ngono kiro kiro gelem nggak yo ?,... Tapi njaluko pegat dhisik karo cak Kadir...... Terus kiro-kiro cak Kadir bojo sampean opo bakal nggondok karo ngamuk  yooo... nek sampean sido dadi  bojoku ?!".
Inem raine mbrabak abang GR kenek rayuan maut, malih salah tingkah, mesam mesem karo ngalem njawab alon : "Nggaaaaak "..
Kadir sing lagi ndelik nang kamar ngrungokno omong omongane Inem bojone karo mbah Mukidi 'mbedodhog' atine, moro moro metu teko kolong tempat tidur, cepet cepet methuki wong loro iku nang ruang tamu.
Kadir : "Nggak !, nggak !, nggak iso !  Aku gak trimo !!, Wani bacok'an dhisik nek arep ngrebut bojoku !!".
"Ha..ha..ha..ha..... akhire welute metu,
Ayo utang 100juta bayaren dhisik, perkoro bacokan gampang !", jare mbah Mukidi enteng.
@×#÷=$%€&£¥₩

MBAH MUKIDI "DASAR MEDIT.............."

Saropah dadi bojone wong sing sugih duit simpenane akeh, kepingin ngelencer ngejak mbah Mukidi 54th bojone numpak Pesawat charter lungo nang raja ampat Papua.
Mbah Mukidi  (rodok kepekso) akhire budhal methuki pilot Pesawat charter, takok rego ticket PP Suroboyo Papua.
Pilot njawab,
"Nang raja ampat Papua perjalanan PP wong 2 biayane 150 juta ae mbah".
Mbah Mukidi saknaliko raine pucet, terus narik tangane Saropah bojone,
"Krungu dewe kan kupingmu, ongkose 150 juta, tukokno krupuk opil oleh piro iku ?!" jarene mbah Mukidi.
Wurung ngelencer nang raja ampat Papua numpak pesawat Saropah gulung gemek nangis kepiyer.
Sak wulan  maringono Saropah ngajak maneh mbah Mukidi methuki Pilot pesawat charter sing ndisik, perlu takon maneh rego ticket gawe tujuan pancet,
Sayange regone wis mundhak dadi 180juta.
Mbah Mukidi nggeret maneh tangane Saropah ngajak mulih.
Wurung olehe kepingin ngelencer nang raja ampat Papua numpak pesawat Saropah nangis ngguguk kepiyer.
Sak wulane maneh ping telune dibaleni Saropah ngajak mbah Mukidi methuki Pilot pesawat charter sing ndisik, perlu takon maneh rego ticket gawe tujuan pancet, Bekne regone mudun tapi sayang regone mundhak maneh dadi 200juta,
Jare mbah Mukidi : "Nek onok pesawat charter sing mbayare cumak 30 jutaan, gak opo opo Wes aku gelem !".
'Padahal mbah Mukidi iku duite nang tabungan karo deposito bank miliyaran lho' bathine Saropah bojone jengkel.
Akhire pilot pesawat charter iku nyobak ngekek'i solusi : "Mbah, sampean mampune mbayar piro se ??". jarene
Mbah Mukidi : "Yo iku 30 juta PP,  digawe wong loro".
Sakmarine mikir sedilut akhire Pilot pesawat charter iku ngomong : "OK, iki onok pesawat gak sepiro apik (gak onok kursi, lawang karo jendelone tapi) arep didandani dikirim ndik Papua, sampean tak nunutno iku ae, sing penting lak teko Papua, yok opo gelem tah ?".
Mbah Mukidi akhire yo setuju, mergo cumak mbayar 30 juta isok numpak pesawat charter PP berdua karo Saropah bojone lungo ngelencer nang raja ampat Papua.
Pilote ngomong maneh :  "Karo syarate nek wis lungguh kloso nang pesawat gak oleh obah, gerak, utowo pindah nggon karo gak oleh ngomong babar blas,..... nek peraturan iki sampean langgar dikenekno dendo mbayar sesuai tarip 200 juta !!!".
Mbah Mukidi : "ok, beres".
Akhire mbah Mukidi sido budhal ngelencer karo Saropah bojone numpak pesawat charteran nang raja ampat Papua. Pesawat mulai lepas landas, berangkat tujuan Papua.
Sak tekone nang Papua, mergo medan sing berat pesawate ambek  pilot digawe keliling muter muter manuver ngelesi gunung, karo mego mendung munggah mudun, menggak menggok.
Bathine Pilote : 'Ngiras ngajar wong pelit, mbayar murah njaluk slamet hi..hi..hi..'.
Pilot noleh nang mburi penumpange gak onok suwarane blass.
 Akhire pesawat Landing, sampek mandeg mesin dipateni, tetep mbah Mukidi gak onok suwarane blass rodok keweden cekelan pipo wesi.
Ambek Pilote mbah Mukidi diparani karo ditakoni : " Lho mbah, kok ijenan bojo sampean nang endhi ??"
Mbah Mukidi njawab : "Ceblok ! paling pas pesawate menggak menggok mau !".
Pilot : "Hah ??? Kok sampean meneng ae, gak ngomong !!?"

Mbah Mukidi : "Lha, nek aku ngomong, lak malih mbayar 200 juta aku !!!". 
@×÷#=$%€&£¥₩

SALAM MUKIDI
Joko Ristono

KOLEKSI CERITA LUCU TERKAIT:

Tidak ada komentar:

Posting Komentar